Notice - Lihat Pengumuman Pemenang Event Jepret Beranda dnujum.blogspot.com
Halo Sobat!, Members Area : Daftar - Masuk · Pasang Iklan · Peta Situs

Translate

kumpulan serat Ulem

Written By Unknown on Rabu, 05 Februari 2014 | 09.04

Bismillahirrohmanirrokhim

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nambut Silaning Akrami
Agnes Pembriarni Nuryuaningdiah, SH.
( Putri Bpk. B. Wiharjo / Ibu Yunitri, Ketanggungan, Ngayokjakarta )
kaliyan
Hery Wahyu Wibowo, SE., M. Bus.
( Putra Bpk. Edy Suharto / Ibu Temuwatie, Ngalangan, Ngaglik, Sleman )
Dhaup Suci :
Dinten : Jumat Legi, Suryo Kaping : 19 Maret 2010, Wanci Tabuh : 09.30 WIB, Mapan ing Ketanggungan, Ngayokjakarta
Winantu Sagunging Pakurmatan,
Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri Penganten Anak Kula,
Dinten : Jumat Legi, Suryo Kaping : 19 Maret 2010, Wanci Tabuh : 14.00 – 16.00 WIB, Mapan ing Gedung Madu Chandya, Ngayokjakarta
Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya
Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwu Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula,
Keluarga Bpk. Edy Suharto/Ibu Temuwatie
Keluarga Bpk. B. Wiharjo/Ibu Yunitri
Agnes & Hery
Malang, April 2010







Bismillahirrohmanirrokhim
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nambut silaning akrami
Selvi Eka Yulianingsih
Putri Pembarep Bapak Yuliono kaliyan Ibu Tutianingsih pikantuk
Doddy Ali Wijaya
Putra Panggulu Bapak Nurul Muntowif kaliyan Ibu Murtiati Intina
Syukuran tuwin pawiwahan dhauping Sri Penganten
Dinten : Sabtu Pon
Suryo Kaping : 10 April 2010
Wanci Tabuh : 11.00 - 13.00 WIB,
Mapan ing Gedung Dodik Bela Negara, Malang
Setuhu badhe damel bombong saha mongkoging manah kula sabrayat, bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala Bapak / Ibu kepareng rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti, supados dados kaluwarga ingkang bagya mulya
Wasan kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun saha nyuwun lubering pangaksami Sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Atur Taklim Kula,
Keluarga Bpk. Yuliono / Ibu Tutianingsih
Keluarga Bpk. Nurul Muntowif / Ibu Murtiati Intina
Selvy & Dody







Semarang, Februari 2010
Assalamu’alaikum wr.wb.
Nambut Silaning Akrami
Rr. Ainy Zahra
Aminuddin – Santi
Genuk - Semarang
dhaup kaliyan
B. Edit Perdana Sinaga
Asraf - Sisca
Genuk - Semarang
Ijab Qabul :
Dinten : Jum’at Pon
Surya kaping : 12 Februari 2010
Wanti Tabuh : 19.00 WIB (7 dalu)
Wonten : Genuk Sari RT 2 RW 1
Genuk – Semarang
Nuwun, kanthi sih nugrahaning Gusti allah, karana hanetepi darmaning asepuh miwah linambaran raos sih sutrisno, keparengan kula ngaturi rawuh panjenengan mbenjing :
Dinten : Sabtu Wage
Surya Kaping : 13 Februari 2010
Wanci Tabuh : 13 Februari 2010
Wonten : Genuk Sari RT 2 RW 1
Hiburan : Campur Sari
Seperlu paring tambahing donga pangestu dhumateng anak kula, temanten kekalih sumrambah ing sadayanah.
Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah rawuh panejenengan sekaliyan, kula hangaturken agunging panuwun.

Wassalamu’alaikum wr.wb.
Aminuddin – Santi
Nderek Ngajeng-ajeng :
Sedaya Kulawarga














Malang, Maret 2010
Assalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakaatuh
Nuwun hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan. Mbok bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing samudayanipun, kita badhe gadhah niat ningkahaken yoga kita ingkang nami
Ratih Putri Pratiwi
(putrinipun bapak lan ibu Boediono)
pikantuk
Yudhista Aditya Prastowo
(putranipun bapak lan ibu Soewadjie)
Ugi hangajab rawuhipun para sutresna,
hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit wonten ing
Jl. LA. Sucipto 338f Malang – Jawi Wetan
Lumadi hing dinten
Senen Legi kaleres tanggal 29 Maret 2010
wekdal tabuh kaping 16.00 WIB.
Mbok menawi panjenengan sekaliyan dhangan ing penggalih sarta mboten wonten alangan saktunggal punapa, kita aturi anyekseni lan angrawuhi kajat lan niat kita kasebat ing nginggil punika. Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kita nelakaken gunging panuwun.
Cekap semanten atur serat ulem punika.
Tuhu langgeng trisno.
Akad nikah rinakit wonten ing dinten lan papan sami, jam 09.00 WIB
Wassalaamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakaatuh

Atur Taklim Kula,
Keluarga bapak lan ibu Boediono
Keluarga bapak lan ibu Soewadjie
Ratih & Yudhi
Kirim Update Software Terbaru Untuk
Sobat BAGAS31 Langsung ke Email Sobat !


Privacy guaranteed. We'll never share your info.

L a i n n y a

Next previous home