Notice - Lihat Pengumuman Pemenang Event Jepret Beranda dnujum.blogspot.com
Halo Sobat!, Members Area : Daftar - Masuk · Pasang Iklan · Peta Situs

Translate

Pasrah Serat Ulem

Written By Unknown on Rabu, 05 Februari 2014 | 09.12



 
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kawilujengan, karaharjan, rahmat saha hidayahipun Gusti ingkang Mahasuci mugi tansah tunendhak lan kasarira kita sedaya.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi lan kula bekteni, sagung para tamu sinedhahan ingkang tansah winantu ing pakurmatan, para ingkang sami rawuh ingkang bagya mulya, dalah para kadang kaneman muda/mudi ingkang kula tresnani.
Minangka pambuka inggih purwakaning atur, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, pangeran ingkang Mahawikan, dene kita sedaya tansah pinaringan kesarasan sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak saha Ibu Sukidi kanthi wilujengan.
Shalawat dalah salam kita aturake wonten ngarsanipun Nabi kita, Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW, Nabi Ingkang sampun nilaraken dhumateng kita sedaya agami Islam, agami ingkang dipunridhai Allah kanti kita pinaringan gegebengan Al-Qur’an saha Al-Hadist, minangka Rahmatan Lilalamin.
Bapak-bapak/ Ibu-ibu ingkang kula bekteni, para kadang kaneman muda/mudi ingkang kula tresnani dalah para tamu sinedahan ingkang bagya mulya. Kula minangka sulih salira inggih talanging basa sederek kadang kaneman muda/mudi Dukuh Pondok, Bakalan, Polokarto, kepareng matur dhumateng Bapak Sukidi sak keluarga ingkang sampun panjenengan utus  ngaturaken serat sedahan/ ulem dumateng sanak sederek panjengan sedaya sampun kaaturaken. Menawi wonten kathah kekirangan samukawisipun kula saha sak kadang kaneman muda/ mudi nyuwun pangapunten.
Minangka panutuping atur, menawi anggen kula matur minangka sulih salira inggih talanging basa para kadang kaneman muda/ mudi Dukuh Pondok, Bakalan, Polokarto angaturaken wigatining gati kathah kekirangan, saha kalepatipun, lumantar kula tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
Bilahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Kirim Update Software Terbaru Untuk
Sobat BAGAS31 Langsung ke Email Sobat !


Privacy guaranteed. We'll never share your info.

L a i n n y a

Next previous home