Notice - Lihat Pengumuman Pemenang Event Jepret Beranda dnujum.blogspot.com
Halo Sobat!, Members Area : Daftar - Masuk · Pasang Iklan · Peta Situs

Translate

Tuladha Atur Pambuk

Written By Unknown on Rabu, 05 Februari 2014 | 08.48

Tuladha Atur Pambuka lan Paripurna


1.      Pambuka
Sedaya para tamu kakung miwah putri ingkang tansah anengenaken tumindak utami. Gegandhengan wekdal sampun nedahaken tabuh sedasa jumbuh kaliyan serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken, pramila titilaksana tasyakuran aqiqah mangga kita wiwiti kanthi maos basmallah sesarengan : “Bismillahirrahmanirrahim”. Mugi-mugi kanthi kita wiwiti nyebat asmanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah lan Asing, gesang kita tansah kinasihan Gusti ingkang Maha Kuwaos lan tansah pinaringan rejeki ingkang kathah saha barokah. Allahuma..... “amin”.

2.      Paripurna
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhur ing budi, para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya, sarta para rawuh ingkang kula bekteni. Awit saking rahmat, hidayah, saha berkahipun Allah SWT tasyakuran aqiqah anak ayu Fitria Kurnia Astuti saged prasaja, wiwit purwa madya lan wasana tansah kalampahan kanthi rancak lan runtut.
Sepisan malih Bapak Riyanto sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami menggah karawuhan saha puji pandonga panjenengan sedaya. Ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tindak panjenengan sedaya tansah wilujeng dumugi dalemipun piyambak-piyambak. Kula Wahyu Sulistiyaningsih minangka pambiwara menawi anggenipun mranata lan anglantaraken reroncening lampah adicara ing dalu menika kathah cewet sarta kekiranganipun, kula tansah nyuwun lumubering samodra pangaksama. Nuwun, matur nuwun.
Billahitaufiq wal hidayah, wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Kirim Update Software Terbaru Untuk
Sobat BAGAS31 Langsung ke Email Sobat !


Privacy guaranteed. We'll never share your info.

L a i n n y a

Next previous home