Notice - Lihat Pengumuman Pemenang Event Jepret Beranda dnujum.blogspot.com
Halo Sobat!, Members Area : Daftar - Masuk · Pasang Iklan · Peta Situs

Translate

Jawi ulem

Written By Unknown on Rabu, 05 Februari 2014 | 09.20



Ngayokjakarta, Oktober 2008
Bismillahirrohmanirrokhim ..
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nambut Silaning Akrami
Agnes Pembriarni Nuryuaningdiah, SH. ( Putri Bpk. B. Wiharjo / Ibu Yunitri, Ketanggungan, Ngayokjakarta )
kaliyan
Hery Wahyu Wibowo, SE., M. Bus. ( Putra Bpk. Edy Suharto / Ibu Temuwatie, Ngalangan, Ngaglik, Sleman )
Dhaup Suci :
Dinten : Minggu Kliwon, Suryo Kaping : 19 Oktober 2008, Wanci Tabuh : 09.30 WIB, Mapan ing Ketanggungan, Ngayokjakarta
Winantu Sagunging Pakurmatan,
Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri Penganten Anak Kula,
Dinten : Minggu Kliwon, Suryo Kaping : 19 Oktober 2008, Wanci Tabuh : 12.00 – 14.00 WIB, Mapan ing Gedung Madu Chandya, Ngayokjakarta
Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya
Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwu Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula,
Keluarga Bpk. Edy Suharto/Ibu Temuwatie
Keluarga Bpk. B. Wiharjo/Ibu Yunitri
Agnes & Hery
Kirim Update Software Terbaru Untuk
Sobat BAGAS31 Langsung ke Email Sobat !


Privacy guaranteed. We'll never share your info.

L a i n n y a

Next previous home